Jon Compong lagi kemutan crita konyol jaman kuna kiyeh seduluuur. Jaman lagi wong numpak sepur durung kaya siki. Jaman siki wong numpak sepur wis tertib nemen. Ora olih mlebu stapsiun sembarangan. Kudu nidokna karcis. Kudu nidokna KTP ana mbarang.
Mbiyen, wong numpak sepur kaya wong numpak elep. Bayare angger wis mlebung sepur ya bisa. Malah angger sing wanian, bisa ora bayar. Pas ana kondektur sepur mriksa karcis, apen-apen mlebu WC. Mambu mbuh apa, sing penting ngindari kondektur.
Angger kelingan crita kuwe, Jon gemuyu kaku. Kepingkel-pingkel. Wektu kuwe Jon arep balik Purwokerto. Deweke arep numpak sepur sekang Stasiun Gambir, Jakarta. Jon mangkat sekang kontrakan neng Tanjung Priok. Jon mangkat sekang Tanjung Priok maring Gambir, karo batire loro, Dalban garo Dul Kemplu.
Dalban : Wis awan owh Jon! ayuh mangkat stasiun
Dul Kemplu : Iya iz! mbokan ketinggalan sepur. Jadwale sepur mangkat jam 7 esuk..
Jon : Wis yuh….!
Asline Jon, Dalban garo Dul Kemplu mangkat maring Gambir gasik. Tapi ndilalah dalane macet. Mulane jog Gambir enggal jam 7 esuk. Pas tekan stasiun, sepur sing arep ditumpaki wis gleser-gleser enggal jalan. Mulane mudun sekang bis, bocah telu pada mlayu maring stasiun, ngudag sepur sing wis lagi jalan.
Dalban : Yuh ! owwwh….kiye sepur wis lagi jalan
Dul Kemplu : Ayuh Jooooon, mlayuuu….
Jon : Sabaar, nyandak tenang bae…!
Bocah loro, Dul Kemplu karo Dalban mblayune banter. Akhire Jon ketinggalan neng mburi. Dalban karo Dul bisa nyandak sepur. Numpak neng gerbong mburi dewek. Jon Compong ora kuat akhire ketinggalan.
Wis ketinggalan, anehe Jon malah gemuyu kaku kepingkel-pingkel, nganti tiba njagong. Akhire ana petugas stasiun marani
Petugas : Pimen donge Mas. Wong ketinggalan sepur koh malah gemuyu kaku
Jon ; hahahahahaha…..kakuuuuu….. hahaha…..hahaha….hahaha….
Petugas : Nyebut mas nyebuuuut…. aja gemuyu bae. Anu kepiwe??
Jon : hahaha….. hahaha….. hahaha…. anu pak ….hahahahaha….
Petugas : hus !, Anu piwe ….bisane gemuyu bae…?!
Jon : Kae batire enyong pak. Si Dul karo si Dalban
Petugas : iya pimen…?!
Jon : hahaha….hahaha…. sing arep numpak sepur balik tah enyong owh pak
Petugas : lah teruuus…?
Jon : Kae bocah loro tah anu nganter thok. Malah kegawa sepur hahahahahaha……
Petugas : hahahahahaha….. compoooooong….. hahahahaa….. compoooooong….!!! (*)