Ratno Kribo, ndableg nana nesih nduweni unggah ungguh karo kyai, ulama lan kesepuhan. Ketone tah mbregajul apa mblunat, tapi nyatane esih nduweni idep bener. Angger ketemu Kyai ndepe ndepe ngambung tangan lan suara sing biasane kenceng dadi kendo, ora keri nganggo basa kromo inggil.
Ratno Kribo ngrumangsa gemiyen wektu cilik ning desa diwulang ngaji kitab turutan, yakue sekang hurup alif ba ta nganti tumekan bisa Juz Amma. Bar tamat Kitab Turutan banjur munggah ngaji al Qur’an karo panjenengane Romo Kyai Akhmad saben wayah bubar maghrib ning Tajug kulon daleme Kyai.
Ora ketang ngaji ning desa mung khatam Al Qur’an, dadi enggane maca al Qur’an ora sih paseh banget ning tajwid lan makhroje mandan bener.
Uga ngaji babagan ngelmu sembahyang lan sepiturute. Kabeh mau berkah ngelmune Rama Kyai Akhmad sing banget tlatene mulang bocah bocah desa kanti sabar lan ikhlas. Pokoke Ratno Kribo banget ngurmati maring wong ngalim.
Mulane wingi sore nonton tipi mandan getet, weruh ana wakil rakyat omongane ngabrul ora nganggo waton kaya wong ora mangan gendeng sekolahan.
Jerene sekolaeh tekan manca negara, gelare rendel ngarep mburi kebek titele, naning ora pas karo kepinterane Blas ketapas, ora nana bedane karo wong nderik.
Jerene dadi menungsa kopama lan pejabat negara, ning lambene lambe muncisan kaya wong wadon. Mbuh sapa jenengane angger depadakna karo Bu Sibangun sinetron neng TVRI.
Baca Juga : Pring Gerit
Umpama depadakna kaya montor apa mobil reme blong. Dadi lajune montor apa mobil sekamyah kampyah mobat mabit ngalor ngidul gawe susah lan bilahi kanggone wong neng dalan.
Jerene tah wong badag, dititeni bolak balik angger ngomong koh nglarani ati kaya bocah pangon, nyrocos asal ploto kaya ora depikir, Ujar ujare nduwe kebal hukum bebas sekarepe dewek. Oh aja umuk aja rumangsa lagi kuasa sekarepe dewek gari ndower.
“Ora memper ana Kyai sepuh nggo klonengan diwadani peta be ora.” Ratno Kribo mandan gathik. Meh bae tipine arep depatak nganggo gelas banget tremosine weruh gambare kae wong.
Untung baen ana yu Narti neng sebelah kulone Ratno Kribo, gagean nyekel tangan tengene Ratno Kribo.
” He ko deneng ngamuk mengko nden tipiku remuk kacane, Lagi kesuh karo sapa?”
Ratno Kribo nylinguk mburi mandan clingusan raine. Enggane ora dicegat nden tipine Yu Narti rusak lan kudu nempuih.