Jamane lagi susah. Nggolet pangan susah. Arep metu ngumah be susah kudu waspada nganggo masker, ketemu sedulur kanca batir neng dalan cukup sembah salam. Urung angger ngendong mlebu ngumah, maring kantor, becer maring warung lan toko kudu ngumbah tangan. Kue netepi lan manut maring prentaeh pemerintah sing diarani Protokol Kesehatan COVID-19.
Enggane rakyat ngrasa susah meh lawase 10 wulan malah ana oknum pejabat negara decikrep KPK dadi tersangka suap bantuan sosial. Jan kayong ora petha nggramet. Wong wis digaji lan olih pasilitas apik nesih baen gelem repek duit sing nggo kebutuhane rakyat sing lagi nandang kesusahan. Ora memper tur kebangeten.
Kober kobere repek duit sing nggo rakyat. Tegel lan tega nyengsarakna rakyate. Besa depikir pikir oknum pejabat ora nduwe “sense of crisis”. Clamitan tur nggratilan. Pokoke gawe lara ngati tumprape rakyat cilik. Lir umpamane kaya talang bocor. Banyu sing kudune miline lancar tekan nggone padha mrebel merga ana sing nggratil.
Rakyat Indonesia sing kudune derumat kon aja ngasih tambah susaeh malah degawe susah dobel. Ya kuwe mau jataeh dekuntit. Kudune olih bantuan sayur mayur buah daging lan beras sing mutune apik malah olih barang sing mutune neng ngisore.
Enggane tembe ketes-ketes etungan dina oknum pejabat decikrep KPK gara gara iwak lobster. Iwak lobster ora mung enak rasane jebule duwite enak. Mulane gemiyen nalikane sing dadi Menteri KKP Bu Susi Pudjiastuti delarang ekspor benur iwak lobster. Kena deekspor ning iwak lobster sing gede sing dodolane regane lewih arang.
Eh malah ana maning dolanan Bansos .
Negara Indonesia malahan nggo “Rayahan” utawa nggo” Bancakan” oknum pejabat sing nggragas mung nggo nyugihna awake dewek uga kanca batire