Pirang dina Kang Nakum ora gelem ngendong, mbuh lagi kenang apa biasane angger waras lan ora nana alangan meh saben wengi juguran neng nggene Kang Pendul.
Ya mung andon ndopok ngalor ngidul langka bukakane lan penutupe, langka judule pokoke ndopok campur aduk sekepenake lan sekarepe dewek.
Minangka nggo mbuang sebel puyeng bar penekan wit klapa sedina ngasih rong balen esuk lan sore jumlaeh 40 wit. Apa ora pegel lan boyeh.
Ngonoh deetung baen, umpamane rata rata wit klapa dawane 10 meter, munggah mudun jumlaeh 20 m, nah rongbalen se wit dadi 40 m× 40 ketemu 1600 m. Paribasan duwur pisan kaya nyundup langit.
Kang Nakum dadi tukang deres delakoni wis ana 20 tahun kanti ayawene, tetep dilakoni kawit esih jaman pongkore nganggo pring petung tumekan saiki nganggo kaleng plastik bekas wadah cet utawa ples plastik utawane pongkor plastik gawean pabrik.
Dadi tukang nderes kegolong wis lawas wis ngalami pait getire lan manise nggolet rejeki nggo nyukupi kebutuhan keluarga. Kepriwe maning mung pintere nggolet pengupah jiwa kelawan penekan wit klapa. Kepengine tah kaya kanca batir kerja apa dagang.
Jebule Kang Nakum madan maras mulane ora kloyong, merga ndeleng tipi wartane sing lagi rame akeh wong padha ditangkep nang polisi merga ngawa kaos, buku, lan lia-liane sing ana gambar palu arit.
Ora maras kepriwen, wong tukang nderes kuwe konthal kanthil ngawa arit ora tau keri, Lah ora ngawa arit nden ndarani wong ngemprah, arep ngiris manggar ngango apa.
Palu karo arit koh dadi masalah ya, maklum Kang Nakum wong kamigelanan lan marasan, apa-apa cok depikir klembut pisan. Arep takon karo Kang Pendul ora kepenak.
Mulane angger bar nderes, ngludang badeg nang wajan terus adus nunggu wayah maghrib junun nang umaeh dewek, Bubar sembahyang maghrib njugur karo anak bojo.
Arep crita karo bojone, sing jenenge Narti mengko malah dadi gegoh thok, Yu Narti pengawake pangus angger dejak crita babagan politik, ngertine Kang Nakum.. nderes…. nderes.. nderes,, olih duwit akeh.
Mulane kang Nakum njagonge mandan gemlasah nang pendhangan, pikirane ngelun nganah-nganah, apa-apa depikir dewek dadi kaya ngangken batang.
Ora nyana Kang Pendul teka maring umaeh Kang Nakum bakda ngisya, Kang Nakum mandan kaget.
“Njanur gunung Kang Pendul’, Kang Nakum angsulan.
“iya koh,, pirang dina ora ngendong nggonku, lagi waras apa lagi ndang ndeng maring kota apa lagi maring endi”, Kang Pendul mangsuli pitakonane kang Nakum”
“Inyong lagi bingung koh”
“Kenang ngapa”
Kang Nakum ambekan sedela, ngepos lintihingan mbako ireng sinambi nggeser njagonge lan tawa maring Kang Pendul wedang kopi buket karo gedang goreng gaweane Yu Narti
‘Mikir apa rika jane, kayong bundet temen, kaya presiden baen serius banget?”,Kang Pendul takon karo Kang Nakum sing njagonge sebelah kulone
“Kang, iloken inyong ora ditangkep polisi “
“Kenang apa”
Kang Pendul kaget ora eram, meh bae rokoke gigal maring sarung,
“Kae nang berita tipi toli akeh wong ditangkep merga ngango kaos, tuku buku sing ana gambare Palu karo Arit, mbok inyong nyambut gawene nganggo arit,,,”
“Rika kuwe ana ana baen, gambar kae toli anu urusan politik, nek arit sing nggo nderes ya ora ditangkep polisi”, Semaure Kang Pendul
Kang Nakum sing mikine ndowoh ngurongka critane Kang Pendul, ngadeg krasa bungah pisan, cengar-cengir meh bae tangane nyamper gelas wedang kopi”
‘Kuwe temenan Kang”
“Ya temenan, mulane angger ana apa-apa dirembug bareng mengko dadi plong pikirane.
“Iya yah, matur nuwun”
Ora krasa jebule wis jam 10, Kang Pendul njaluk pamiit karo Kang Nakum nang ngarep lawang ngarep.
Kang Nakum saiki wis bombong, mandan nglamut jaman kuna kon sekolah ora gelem, suka lunga maring Jakarta nggolet pengalaman jerene kerja dadi kuli bangunan.
Saiki tember krasa ngendikane Rama Biyunge sing wis ora nana, wong nggolet ngelmu kuwe dudu nggolet ijasah thok ning sing penting nggolet kawruh ngelmu seakeh akehe,
Wong ngelmu kuwe umpamane dadi obor wong urip, supaya dadi menungsa keri kanca batir, nduwe jati diri ora minderan, lan ora gampang dilomboni nang sapa baen.
Dina ngesuk kuwe ora ngerti nasibe, saiki nderes umpamane nduwe kepinteran liane apa kue ngelmu dagang, ngelmu bengkel, ngelmu tetanen, saumpane awake wis mandan repeh toli kena tenggo.
Ngelmu apa baen angger bisa lan kober kudu duwe, pinisepuh kuna gari gawe ukara Ngelmu Gobed. maksude Gobed ,,denggo angger kepeped.