Dul Nyolong Jeruk

Dul Kemplu duwe batir loro, arane Dalban karo Jendol. Batire Dul loro kuwe  bocah ora kalap, mbajug kabeh. Saben wengi bocah loro kuwe mesthi nyolong dunyane tanggane. Ora nyolong ayam ya nyolong buah. Nyolonge ora mung cukup depangan, tapi dedol aring pasar. Mulane angger nyolong mesthi sethuprak, ora kira-kira.

Wengi kuwe, Dalban karo Jendol nyolong jeruk neng kebonne Kaji Kholil. Ora tanggung-tanggung, nyolong jeruk nganti olih sekarung. Mbarang arep balik, ana asu njegog huk…huk…hukkk..!!!. Dalban karo Jendol wedi banget. Bocah loro kuwe mlayu sakuate nganti kapicirit. Mlayu nonet sekuate nganti ora krasa butul kuburan sing terkenal angker gung iwang-iwung.

Tekan lawang gerbang kuburan, jeruke gigal rong blinthi. Timbang kewenangan, Dalban karo Jendol umpetan neng pipire paesan utawane dhangka. Nah jeruk sing loro dejorna bae ngglethak nang pager wesi lawang gerang kuburan Nganti ana sejam ndean, Dalban karo Jendol ndhekikis neng pinggir dhangka. Lah mbarang krasa aman, Dalban karo Jendol bagi hasil jeruk colongan: nyong siji….ko siji….nyong siji…ko siji…..nyong siji… ko… siji

Antarane jam siji wengi ndean, pas lagi bagi hasil jeruk: nyong siji….ko siji….nyong sijiii…ko sijiii…

Ndilalah Dul Kemplu bar ngluyur balik ngliwati kuburan. Sekang njero kuburan, Dul krungu suara: nyong sijiii….ko sijiii…nyong sijiii…ko siji….saking wedine krungu suara kuwe, Dul kepoyuh-poyuh kambi mlayu maring ngumaeh kyaine. Kambi gemeter banget, Dul ndhodhog lawang umaeh kyaine karo kewowongan :

Dul : Pak kyai tuluuuung pak kyai…tuluuung…..(Dul ndheprok kambi nangis)

Kyai : Ana apa Dul….?! Istghpaar (kyaine kambi nginumi Dul karo wedang bening)

Dul : Ana medi neng kuburan….ana medi neng kuburan…!!!

Kyai : Medi apa sih Dul?

Dul : Medi pak kyai. Ana suara nyong siji….ko siji….nyong siji… ko siji….

Kyai : Lah emol Duuul …? (kyaine madan mrinding)

Dul : Iya pak kyai..wis yuh deburu aring kuburan pak kyai…

Dul karo kyaine mburu maring kuburan. Sadawane dalan Dul cekelan sarunge kyaine, saking wedine. Kringet ademme Dul metu. Temenan, barang butul lawang gerbang kuburan, Dul karo kyaine umpetan ndhekikis neng tralis gerbang kuburan. Bener si Dul, ana suara ora mandheg-mandheg:

Nyong siji…..ko siji…..nyong sji…ko sijiiii…., nyong siji….ko siji…..nyong sijiii….ko siji…..

Dul : (krisikan) pak Kyai, kae si maksude lagi ngetung nyawane wong sing ap decabut?

Kyai : (krisikan) embuh Dul….enyong ora ngerti…..

Ora let suwe. Sekang njero kuburan ana suara: kiye ngetunge wis rampung kabeh. Kae gari loro neng lawang gerbang kuburan ap dejukut sisan apa ora…?!!

Krungu suara kuwe,  kyaine mlayu nonet seporete. Dul ngudag-udag kepunthal-punthal, kambi nyekeli sarunge kyaine. Mlayu nganti tekan maring sawah. Dul golih nyekeli sarunge kyaine ora eling, nganti kyanine sarunge mlorod wuda gobal-gabel. Mlayu keslimped sarung tiba kabeh wong loro aring belet, gupak bareng (*)

Exit mobile version