Kucinge Jon Mati

Jon duwe kucing. Arane si Polang. Pancen wulune polang-polang, ireng karo putih. Kawit endhas, weteng nganti buntut, wulune si Polang ana ireng karo putieh. Saking senenge maring si Polang, angger Jon mangan karo gesek, setugel ewang karo si Polang. Duwe dhuit sepuluh ewu, nggo tuku susune Polang. Pokoke angger sedina ora ketemu karo si Polang, Jon semaput.

Neng bapane, Jon wis nganti degawa maring wong pinter. Kon aja seneng keliwat maring kucing. Kawit mulai mangan, turu, nonton tipi, Jon mesthi nggawa si Polang. Bapane Jon kuwatir, mbokan Jon selat ngko ora mbojo-mbojo, merga seneng keliwat maring kucinge.

Wingi, sedina Jon kemleter nggoleti si Polang. Kawit esuk, si Polang lunga mbuh maring ngendi. Jon nggoleti maring nggone tanggane langka. Takon-takon maring tangga-tanggane langka sing ngerti. Jon nangis gemboran kelangan si Polang.

Bapane : Uwiiis-uwiisss diiiih, wong kucing koh ditangisi. Ngko nden balik

Jon : Huuuuk..hoaawwaah…Polaaaaang…ente maring ngendi..? ngeneh baliiiikk

Bapane : Kuweh, deneng balik kuweh kucinge !

Jon : Ee alah deneng awakmu blopot neng belet Polaaang, ngeneh tek adusi

Bapane : Wis aja nangis, ngisin-ngisina !

Jon : Tulung owwh tukokna sabun colek nggo ngadusi Polang

Esuke, Jon nangis gemboran ora meneng-meneng. Nganti tanggane padha marani ngumah.

Bapane : Kenangapa maning Jooon,? Nangis gemboran kaya kuwe

Jon : Si Polang mati….si Polang mati, huuukk…hukkkk

Bapane : lha si nengapa? Mau bengi wis diadusi owwh yaaa?!

Jon : Iya wis adusi wis bersih, huuuk…huwaaakkk…

Bapane : Lhah terus piwe, deneng si Polang mati?!

Jon : Mbokan masuk angin, mbarang tek adusi si Polang tek peres nganti garing

Bapane : Kowe compong Jon! kucing di diperes, ya mati owh. Ente pancen compong ***

Exit mobile version